Nalika ana ing ngisore jurang
Uripku pinanyungan wadas lan watu karang
Atiku nangis ngrasak’ake panadhanging gesang
Gusti ninggal aku ing donyo kapiran
Nalika aku ana ing pucuking kabegjan
Esem guyuku sumringah datan tinimbang
Keplok-keplok ngrasak’ake kabungahan
Datan kelingan Gusti ing pangesahan
Saiki embuh ana ing ngendi
Dalan dawa-Mu datan pinesthi
Sawanganku ambyar ora nyawiji
Kelangan keblat sing kudu dikudi
Gusti . . . . . . .
Tudhuhna dalan kang suci
Tuntunen menyang ngendi urip bakal kapesti
Kabeh kabesem ing ilineng angin wengi
0 komentar:
Posting Komentar